Aparat Bejat
Ati dadi miris, pas ngerungu ana oknum aparat sing dadi beking perampokan. Polresta Tangerang negesaken, hasil pengembangan ning kasus perampokan minimarket, nyatane ana oknum TNI sing kelibet. Oknum aparat kuwen dadi beking bahkan ana diantarane sing dadi dalang. Jereh oknum kuwen setingkat bintara, bisa dadi pangkate sersan.
Kasat Reskrim Polresta Tangerang Kabupaten, Kompol Shinto Silitonga ngungkapaken yen pihake wis ngantongi identitas oknum aparat kuwen sing kelibetan perampokan. Inisiale MCN (40), dicurigai manjing komplotan Pitam Kuning, komplotan sing sadis ning korban-korbane.
Luar biasane aparat iki, malang melintang ning dunia ireng lintas provinsi. Pelakon-pelakon kejahatan iki, aksine pada pas beraksi ning Karawang, Tangerang lan Serang.
Oknum iki dadi tersangka kuat sing ngegasak Indomaret ning Dalan Raya Serpong, Tangerang Selatan, Jumat (4/5) lan Alfamidi 24 Jam ning Dalan Letnan Soetopo, BSD City, Serpong, Minggu (6/5). Indomaret ning Dalan Raya Serpong Km 7 sing digasak Rebo (23/5), gah disangkaken ning oknum aparat kuwen.
Sedih lan miris. Lamun aparat sing uripe digaji rakyat, malah dadi penjahat lan ngerusak bangsa dewek. Aparat sing kaya mengkenen iki arane Oknum aparat sing bejat.
Aparat sing kudune ngebelani rakyat, malah dadi musuh rakyat. Jereh Mang Jaseng mah, aparat sing kaya mengkenen iki hukumane kudu luwih hebat. Soale dudu bae gawe rugi korban-korbane, tapi gah gawe citra TNI dadi bejod. Institusi sing desegeni rakyat citrane dadi kecoreng gara-gara oknum siji.*




