Ronda Dadakan

Ibarat warga kampung sing kenakan turu, klalen ning keamanan lingkungan. Ora sadar lamun maling ngincer harta benda warga. Pas giliran maling beraksi, tembekan sadar lamun kampung dewek kudu dironda. Akhire warga gah sepakat ngejadwal ronda dadakan. Ronda seentese maling wareg memaling. Seentese barang-barang pada ilang diembat para penjahat.

Nyatane ronda dadakan iki kaya dadi budaya ning negara iki. Embuh ana sing kanane atawa memang iku bagian sifat sing kewakehan bangsa dewek. Dudu bae masyarakate doang, tapi gah termasuk pemerentah lan uwong-uwong sing due tanggungjawab ngurusi negara iki.

Wakeh conto kelakuan kaya mengkonon iku. Giliran negara diledek bangsa sejen, lantaran keamanan segarane lemah, tembekan pada sibuk ngejaga kemanan segara sing dadi bates wilayah. Nyiapaken kapal perang, nyiapaken kapal patroli lan pasukan ning daerah-daerah perbatesan. Menkonon gah ngurusi budaya.

Negara sing wis ngadeg puluhan taun tembekan sadar, lamun ning negara sing disebut sugih budaya tembekan kepikiran premen carane ngurusi lan ngelindungi budaya bangsa dewek. Sing kepiasem, seentese wakeh budaya bangsa dewek dijukut uwong, tembekan dibangun wacana arep ngegawe kementerian kebudayaan.

Pisah kelawan kementerian sing ana. Jereh supaya fokus ngurusi budaya. Iki dikaitaken kelawan luas wilayah Negara iki sing ablag-ablagan. Pastine due warisan budaya sing ora semet. Nah, gona ngurusi budaya warisan bangsa durung due lembaga khusus, keleh kelawan bangsa Singapura. Padahal negara cilik.

Komisi X DPR saiki lagi ngebahas Rancangan Undang-Undang (RUU) Kebudayaan. Salah siji poin penting ning RUU engko, yaiku nyiapaken perangkat gona ngelahiraken institusi kebudayaan, yaiku salah siji kementerian sing khusus.

Anggota Komisi X, Popong Otje Djundjunan negesaken rencana iku, lan jereh deweke nyatane budaya ning negara iki ora semet. Ning negara cilik kaya Singapura bae, kebudayaan iku diurus  ning siji kementerian.

Sebalike Indonesia sing due kebudayaan wakeh lan wilayahe sing luas, urusan kebudayaane diurus ngegabung kelawan pendidikan ning sor Kementerian Pendidikan lan Kebudayaan.

Lamun ngedeleng rencana Komisi X iku, dadi inget maning ning kelakuan masyarakat kita sing umume ngerondani kampung seentese kemalingan. Lamun giliran wakeh maling, tembekan sibuk ngebentuk ronda kampung. Kaya bangsa dewek sing saiki lagi dirong-rong negara tetangga, sing ngeklaim tari tor-tor lan alat musik gondang sambilan.

Iki sing gawe kepiasem. Budaya-budaya direbut uwong tembekan ngewacanakaken arep gawe lembaga khusus sing ngurusi kebudayaan. Sing heran maning, masyarakat suku Mandailing ngakui ora masalah tari tor-tor lan alat musik Gondang Sambilan manjing warisan budaya bangsa Malaysia.

Jereh, budaya iku ning negara dewek didadikaken bocah kewalon, alias didadikaken nomor roro. Sementara ning Malaysia dadi nomor wahid, alias didadikaken anak emas. Terus iki salah sapa. Lah, terus maning uwong sing tembekan sadar budaya dewek ora diurusi, wingi-wingine pada ningendi?*

Komentar