Hukum Wong Ngelindur
Siap nerima konsekuensi hukum, tapi hukumane laka ning negara dewek. Kaya wong ngelindur. Ikulah fakta sing ana. Rong uwong kader Demokrat, ngejaluk dihukum gantung. Hukuman sing laka ning Indonesia.
Kaya wong ngimpi! Pasti kita masih inget, Ketua Umum Partai Demokrat Anas Urbaningrum, negesaken siap digantung ning Monas lamun kebukti ngelakoni korupsi ning kasus proyek Hambalang lan korupsi ning kasus-kasus liane.
Memang sampe saiki Anas durung kebukti, tapi kasus iku wis nyeret-nyeret deweke. Saiki tinggal nonggoni KPK sing kudu bisa ngebuktikaken. Tapi senajan kebukti, kayane moal bakalan dihukum gantung ning monas. Soale, laka aturanane koruptor kudu digantung ning Monas.
Saiki sing ngelindur kaya Anas iku ana maning. Bekas Ketua DPC Partai Demokrat Kabupaten Bualemo Gorontalo, Ismiati, ngaku siap digantung ning Menara Gorontalo, lamun deweke bohong ngaku nerima duit sing kubu Anas ning Kongres Partai Demokrat ning Bandung taun 2010 bengen.
Jereh Ismiati, deweke bener-bener nerima duit kuwen gona ngedukung Anas. Iku ngebuktikaken ning Kongres iku memang ana permaenan duit. “Lamun kita bohong, kita siap digantung ning Menara Gorontalo,” jereh Ismiati, ning KPK, wingi.
Ismi ngebeberaken yen deweke pernah nerima duit sing kubu Anas, lantaran ditakon pihak KPK. Ismi ditakon pas deweke dadi saksi ning penyelidikan proyek sport center Hambalang, Bogor, Jawa Barat. Omongan Ismi iki laka bedane kelawan omongan Nazarudin, bekas Bendahara Umum Partai Demokrat ning Pengadilan Tipikor, sing ngaku anane permaenan duit ning Kongres Partai Demokrat iku.
Ismiati ngaku pernah nerima duit ning kongres Partai Demokrat taun 2010. Tapi nerimane ora sebalen. Pertama nerima Rp15 juta, terus nerima maning 2000 US Dolar lan terakhir nerima 5000 US Dolar. Dudu iku doangan, dewekegah ngaku nerima handphone BlackBerry Gemini sedurung Kongres kuwen. Omongan iku laka bedane kelawan omongan Nazaruddin.
Tapi omongan Ismiati lan Nazaruddin iki wis dibantah Anas Urbaningrum. Bahkan Anas sempet ngaku siap digantung ning Monas, lamun deweke kelibet kasus korupsi apa bae. Bedane, lamun Ismiati siap digantung iku lamun deweke disebut bohong pernah nerima duit rupiah lan dolar kelawan hape.
Tapi sekarone ora bakalan digantung ning Monas lan Menara Gorontalo. Soale laka hukuman sing kaya mengkonon iku. Ismiati iki kaya sing ngeledek Anas Urbaningrum sing siap digantung ning Monas, terus deweke ngaku siap digantung ning Mennara Gorontalo. Akhire sekarone kaya wong ngelindur, siap dihukum tapi hukumane laka. Hukuman sing ora mungkin. Sumpah sing kaya mengkonon iku, laka bedane kelawan uwong sing ngelindur.*




