Pegawe Pajak Ngaca Gah
Maning-maning rakyat Indonesia dieneh tontonan sing ore puguh. Tommy Hendratno, pegawai pajak KPP Sidoarjo Selatan ketangkep tangan petugas Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) sing diduga lagi nerime suap sing wajib pajak. Nanane penangkapan iki tandane mentalitas pegawai pajak uwis rapuh.
Vonis iki dudu tanpa alasan. Primen orane, pejabat kantor sing tugase ngumpulaken picis sewakeh-akehe genah negara malahan main curang klan wajib pajak sing nakal. Selain genah gawe sugih dewek, kelakuan Tommy iku ngerugikaken picis negara.
Kasus-kasus sing sering ngelibataken pegawe Kantor Pajak iku bise jadi semakin ngebuke mate wong Indonesia, bahwa lembage iku emang wakeh ddienggoni “tikus kantor” kaye sing digambaraken mang Iwan Fals. Pertanyaanan selanjute, ape masih pantes pegawai pajak bise dipercaya klan masyarakat?
Jawabanane ya kudu tetep percaye. Karene, bise uga masih nane pegawai sing kredibel lan integritase mumpuni. Ore kaye Gayus, Dhana, lan Tommy.
Seandene kepercayaan iki uwis lake pisan, aje pisan-pisan nyalalahaken masyarakat. Masyarakat cuma kepingin ngedeleng bukti bahwa pegawai pajak sing integritase hebat, karene memang mengkonon kudune. Selain iku pegawai pajak sing “ngemplang” ikulah sing gawe maysyarakat mantap ore percaye. Lajune, perlu ditegasaken maning arti penting integritas klan kredibilitas wong megawe.
Pegawai pajak uwis kudune ngace lan pemerintahe ngebongkar kelakuan-kelakuan pegawene sing salah. Ari pemeretahe meneng bae, aje pisan-isan nyalahaken masyakat sing masabodo lan lebih bahayane maning mengkone masyarakat lake sing gelem bayar pajak, sape sing rugi.*




