WC Legislatif

Rada kepiasem pas ngerungu WC ning gedong DPRD Provinsi Banten mambu pesing, lan laka banyune. Bahkan sampe ana tulisan yen ning WC iku laka banyune kerane bangkrut. Tulisan sing ngegantung ning salah siji WC iku ngegambaraken yen Sekretariat DPRD Banten sing due tanggungjawab ngurusi rumah tangga DPRD, iku ora beres.

 Wartawan BANTEN POS sing ngedeleng kondisi iku langsung nyoroti urusan cilik iku. Urusan sing keliwat-liwat saban dina, lan saban dina dadi urusan sing ora diurus-urus. Bahkan sekabeh WC ning lantai II umah wakil rakyat iku saiki wis pada bener, tapi ning lantai I lan WC liane durung diberesaken.

 Ora berese WC DPRD Banten iki nyatane wis dadi omongan wakeh uwong. Dudu bae para pegawe lan wakil rakyat sing dadi penghuni tetep. Tapi gah wakeh tamu DPRD sing ngerasa ora betah nguyuh atawa liane ning WC Legislatif kuwen. Bahkan ana sing milih nahan nguyuh, ketimbang kudu manjing ning WC sing dimodali ngenggo duit rakyat sampe miliaran kuwen.

Lamun jereh Ketua DPRD Banten Aeng Haerudin, anggaran gona perawatan rumah tangga ning DPRD iku jumlahe gede. Senajan deweke ora weruh pasti jumlahe, tapi deweke yakin duit gona ngurusi WC ora semet.

Bahkan jereh Aeng, gona ngerawat umah rakyat iku wis ditenderaken ning pihak ketelu. Tapi herane kaya ora dipegaweni. Tapi deweke ngaku ora bisa intervensi, soale iku dadi urusan eksekutif alias Sekretariat DPRD.

Omongan Aeng iku dudu omongan rakyat biasa. Tapi e Ketua DPRD Banten, uwong sing due poisisi paling duhur ning DPRD Banten. Lamun Aeng bae ngerasa heran premen Mang Jaseng sing ora weruh apa-apa.

Kondisi gedong DPRD Banten sing kurang rawat iku bisa dideleng ngenggo mata wewuda. Lamun ngedeleng parek gedong sing dibangun ratusan miliar iku kaya laka sing ngurusi. Bocor ning endi-endi, plafon gedong rusak ning tiap sudut. Bahkan urusan WC iki dudu barang baru, sing disebut ora bener.

Sing jaman jebot kaya laka ngenggo duit ngurusine. Padahal duit sing dienggo bisa dadi nyampe atusan juta ato bisa dadi nyampe miliaran. Faktane, sampe saiki urusan WC bae gah ora peragat-peragat.

Tapi herane urusan cilik sing ngisinaken iki kaya ora pernah manjing evaluasi. Sekretaris Dewan sing due tanggungjawab, kudune rajin keliling. Ngedeleng lan ngerungu apa sing kudu diurusi.

Memang sih cuman urusan WC, tapi iki aja dianggap remeh. Soale iki dudu WC biasa, WC sing ana ning Gedong Legislatif. Gedong sing dadi tempat gawe aturan, gedong sing dienggo gona dadi pusat kebijakan pemerentah Provinsi Banten.

Saiki Mang Jaseng arep tetakon, premen arep ngurusi urusan lian sing gede-gede, kaya dalan rusak, sekola rusak, irigasi rusak, gizi buruk, rakyat miskin sing ora sulit gelati mangan, lan fasilitas-fasilitas umum atawa infrastruktur. La wong WC sing keliwat-liwat saban dina gah ora keurus. Terus duit gede sing gona ngerawat WC lan gedong DPRD iku melayune ning endi? *

Komentar