Amarah Supir
Minggu bengi atusan supir truk ngamuk, ning Pelabuhan Merak. Para supir sing mayoritas ora saling kenal iku dadi kompak ngerusak apa bae sing ana ning pelabuhan. Kantor-kantor diancuraken, loket karcis dirusak, bahkan mobil plat abang due Pemerentah Provinsi Banten dijungkelaken.
Embuh sapa sing ngegaen komando. Atusan supir iku nutupi jalur Dermaga siji lan Dermaga loro, Minggu bengi wingi. Para supir emosi, akibat kesuen ngantri. Soale antrian truk iku nyampe 13 kilometer, sampe manjing ning dalan tol. Para supir ngaku rugi, lan keuntungan entek ning dalan. Sing kudune bisa bulak-balik ngunjal muatan, saiki dipaksa parkir lantaran ora bisa nyeberang ning Pulau Sumatera. Sampe jam sewelas bengi, para supir sing marah masih ngepung pelabuhan.
Para supir iku ngamuk dudu tanpa alesan. Jereh para Raja Dalanan iku, deweke ora terima ning permaenan oknum keamanan lan pegawe PT ASDP sing ngelakoni Pungli (pungutan liar, red), sampe anane istilah jalur tembak. Mubil-mubil truk bisa nyeberang ning Bakauheuni ora antri maning kerane anane oknum sing ngelolosan. Asal ana duit pelicin antara seket sampe satusewu, langsung bisa nyeberang.
Isu pungli iki ning pelabuhan super padet iki emang kaya bebongkong. Kerungu ana, tapi ora pernah kependak pelakune. Atawa bisa dadi emang pungli ning Merak iki due manajemen rapih, sampe-sampe ora pernah kebongkar. Pirang-pirang balen disebut-sebut anane Pungli ning Merak iki, tapi durung ana sing ketangkep, atawa disidangaken ning pengadilan, lantaran ngerugikaken para supir. Mirip bebongkong beneran. Lamun disebut ana pungli, para pejabate langsung metukaken jurus andalan. Lan negesaken yen ning Merak iku bersi sing pungli.
Senaja sampe saiki durung pernah bisa keungkap, tapi indikasi ngamuke para supir iki dadi bukti yen aksi pungli bisa urip subur ning Pelabuhan Merak. Saiki tinggal aparat sing due kepentingan ngebuktikaken janji bakal nindak para oknum kuwen.
Senajan mengkonon, ngamuke para supir iku ora bisa dibeneraken. Apamaning sampe ngerusak barang-barang fasilitas umum due negara. Sampe ngerusak kantor-kantor lan barang liane. Niat meragataken masalah, ujunge muncul masalah baru. Dadi, aja disalahaken aparat hukum lamun ujunge, sing ngerusak fasilitas umum iku urusan kelawan hukum.
Kapolda Banten Brigjen (Pol) Eko Hadi Sutedjo lan Kepala Cabang ASDP Merak janji bakal ngegelati para oknum sing dituduh ngekaloni pungli kuwen. Bahkan janjine si oknum iku bakal dipecat, lamun kebukti ngelakoni pungli. Nah, dulur-dulur, supir truk kabehan kita tonggoni ragem-ragem janji para jejegud kuwen.
Selian kuwen, ning para inohong sing dadi pemangku kebijakan, urusan macet ning Merak iki kudu gancang digelati solusine. Apa bener sistem sing ana wis paripurna? Apa bener macet ning Merak iki ora bisa diperagataken? Lamun perlu, dokon uwong sing mampu nanangi kasus macete Merak sing ora peragat-peragat kuwen. Lamun uwong sing ana saiki dianggap ora mampu, gelati gah uwong sing mampu.(*)




