Lulus Tapi Nganggur

Sabtu wingine, atusan murid sekola ngegelar tradisi kelulusan. Konvoi motor lan corat-coret baju seragam. Senajan dicegah-cegah lan diimbau supaya ora ngelakoni cara-cara kuwen, tapi kayane murid-murid sekola ora ngerungu. Para murid due alesan, iku dudu sekedar corat-coret doangan. Tapi, pesta kelulusan iku due makna penting sekaligus dadi pesta perpisahan. Para murid sekola gah ngakui yen iku aksi sing wajar, lan ora ngerugikaken wong sejen.

Ning Banten jumlah murid sekola sing lulus cukup lumayan bagus. Sing jumlah 107.787 murid sing meluni ujian, sekitar 107.361 dinyatakaken lulus uji, atawa sekitar 99.60 persen. Sing jumlah iku ana sekitar 426 sing ora lulus. Pastine sing ora lulus iki wakeh sebabe. Sing pasti lamun ora lulus kudu ngulang maning, atawa meluni ujian paket C.

Balik maning ning persoalan awal. Wakehe jumlah murid sing lulus iki ngegaen rasa senang, tapi gah ujunge muncul masalah baru. Yaiku, tekane pengangguran-pengangguran baru. Masalah baru iki pastine dadi pegawean umah pemerentah supaya bisa ngarahaken, lan ngegaen fasilitas.

Kepala Dinas Pendidikan Banten, Hudaya Latuconsina negesaken, sing 107.361 murid tingkat SMA, SMK lan MA se-Banten, diperkirakaken cuman patang puluh persen doangan sing nerusaken ning perguruan tinggi lan megawe. Sedeng sisane diperkirakaken bakal dadi pengangguran baru. Soale jumlah lowongan sing semet, ora sebanding kelawan jumlah murid sekola sing lulus.

Lamun jereh Ketua Komisi V DPRD Banten Mediawarman, masalah pengangguran baru iki kudu dadi bahan pemikiran sekabeh pihak. Selian pemerentah. Elemen-elemen masyarakat sejene gah kudu ngegaen dalan gona para lulusan baru, supaya bisa nerusaken pendidikan atawa langsung megawe. Selian kuwen, sing paling penting anane kerjasama sing bagus antar lembaga pemerentah sing ana.

Misale, Dinas Tenaga Kerja lan Transmigrasi Provinsi Banten ngegelar program-program pelatihan penggalian potensi SDM-SDM (Sumber Daya Manusia, red), supaya para murid sing nganggur due keahlian lan kreatifitas.

Jereh Mang Jaseng mah persoalan saiki wakehe pengangguran baru, kudune wis ana solusine sing pemerentah. Soale, iki dudu barang baru. Kasus wakehe murid sekola lulusan SMA sing dadi pengangguran iki, manjinge langganan tiap taun. Bisa disebut, pengangguran musiman. Sing kaya mengkenen iki wis ana sing taun-taun sedurunge.

Bener, lamun misale dinas-dinas kudu nyiapaken pelatihan-pelatihan. Tapi kudune, pelatihan keterampilan sing disiapaken kudu ana ujunge. Misale, pelatihan iku kerjasama kelawan industri-industri sing ana ning Banten. Pemerentah bisa ngegandeng industri sing ana. Lamun industri sing jumlahe ewuan, lan investasi baru sing manjing ning Banten saban taune nambah lan nambah terus, kayane urusan iki ora bakalan dadi masalah gede. Aja sampe, kasus-kasus lulus tapi nganggur dadi langganan tiap taun.(*)

Komentar