Korps Geng Motor

Aksi brutal Geng Motor mangkin liar. Jajaran Polda Metrojaya gah digawe pusing. Aksi Geng Motor ning Jakarta iki diyakini dudu Geng Motor biasa. Tapi Geng Motor jadi-jadian, alias Geng Motor dadakan.

Sampe saiki pulisi durung bisa ngungkap, Geng Motor sing nyerang pasukan motor ning Jakarta Utara lan Jakarta Pusat iku. Pulisi due sangkaan, lamun Geng Motor sing ngamuk ning Jakarta iku dudu kelompok geng biasa. Tapi geng sing wis terorganisir.

Kabid Humas Polda Metro Jaya Kombes Rikwanto ngejelasaken yen sing nyerang iku jumlahe ora semet, bahkan sampe atusan. Lamun rombongane sampe segede iku, pastine ana sing ngumpulaken. Deweke gah nyangka lamun Geng Motor iku oknum aparat, sing nyerang ngenggo pita kuning.

Jereh Rikwanto, aksi Geng Motor iki kaya aksi balas dendam. Pulisi due kesimpulan kaya mengkonon, lantaran Minggu (31/3) subuh, salah siji anggota Angkatan Laut, Kelasi Arifin Sirih mati gara-gara dikeroyok anggota geng motor. Buntute, tanggal 7, 8 lan 13 April wingi, pasukan Geng Motor iki ngacak-ngacak wilayah Jakarta Utara lan Jakarta Pusat.

“Iki kasuistis. Dudu geng motor biasa. Iki diperkirakaken buntut kejadian tanggal 31 Maret (matine Kelasi Arifin, red). Geng iki nunggang motor cuman sebagai alat doangan,” jereh Rikwanto.

Geng motor iki wis gawe rakyat gah resah. Apamaning minggu-minggu iki, sampe Polisi Militer pepeluan nangani. Lamun sampe ana aparat dadi Geng Motor, iki bisa dadi rakyat sing korban.

Brutale geng motor iki kudu gancang diperagataken. Soale Data Indonesia Police Watch tiap taun, 60 uwong mati gara-gara Geng Motor. Taun 2011 wingi, 65 uwong mati gara-gara Geng Motor.

Aneh bin ajaib lamun Geng Motor ora bisa ditertibaken. Soale kedeleng lan kerungu. Iki sing gawe heran. Terus maning faktane, wis puluhan uwong mati gara-gara Geng Motor. Apa perlu ana gerakan anti Geng Motor. Gerakan sing nolak anane Geng Motor, sing gawe rakyat resah.

Apamaning kaya minggu-minggu iki. Geng Motor gawe pusing jajaran Polda Metrojaya. Soale sing dadi pasukan Geng Motor iku dudu geng biasa, tapi dicurigai Korps alias pasukan aparat.

Wajar bae pulisi pusing, soale Geng iki terlatih lan dua kemampuan dudu ngegawa motor doangan. Iki Geng Motor dadakan sing ora biasa. Supaya rakyat enak turu, urusan iki kudu gancang peragat. Aja sampe tambah luas lan gawe rakyat mangkin jadi korban.

Pulisi due sangkaan lamun Geng Motor iku, oknum aparat. Apa bener? Lamun bener, kudu gancang dilirenaken. Apa iya, aparat gawe rakyat resah. Kan aparat digaji rakyat!*

Komentar